Satru 2

Mbok aja satru-satru wae, sayangku

Wis tak pupuk winihe katresnanku
Kanggo awakmu (kanggo awakmu)
Dongaku tukul lemu, urip ayem
Kanggo senengmu (senengmu)

Aku percaya winih tresnamu
Nandhes mancep ing atiku

Apa kurang lehku ngerteni karepmu?
Aku ya wis ora nglirik liyane
Nek kangen, ngomong kangen
Ra sah tukaran wae
Mbok dieman-eman hubungane (hubungane)

Uwong sing tak tresnani, tak gawe sandaran ati
Mbok aja satru-satru wae, sayangku
Njajal ra sah percaya nek trima kabar ka njaba
Aku ngerti karepku, nggo makmurne atiku

Hei
Aku ngenteni
Aku ngentenimu, ho-oh-oh

Apa kurang lehku ngerteni karepmu?
Aku ya wis ora nglirik liyane
Nek kangen, ngomong kangen (kangen)
Ra sah tukaran ae
Mbok dieman-eman hubungane

Iki lagu nggo awakmu lho, Yang
Sumpah nggo awakmu
Nyapo ta mesthi kok nesu-nesu wae?

Sepurane lek aku sering nesu-nesu
Ora maksud pengin tukaran, engga (lha apa?)
Aku ki kangen (kangen, ya ngomonga nek kangen)
(Nyapo ndadak nesu-nesu?) Aku pengin wektumu nggo aku (heleh)

Kowe sing tak tresnani, tak gawe sandaran ati
Mbok aja satru-satru wae, sayangku (sayangku)
Jajal ra sah percaya nek trima kabar ka njaba
Aku kerja, nguripimu, nggo makmurne atimu

Uwong sing tak tresnani, tak gawe sandaran ati
Mbok aja satru-satru wae, sayangku (janji ora neh)
Jajal ra sah percaya nek trima kabar ka njaba
Aku kerja, nguripimu, nggo makmurne atimu

Uwong sing tak tresnani, tak gawe sandaran ati
Mbok aja satru-satru wae, sayangku
Jajal ra sah percaya nek trima kabar ka njaba
Aku ngerti, kerjamu nggo makmurne atiku (iya, ngono carae)

Matur suwun, ya
(Iya, aku sepurane ya, sering nesu-nesu ya, Ay)
Aku ya sepurane
(Kabar ka njaba ki marai aku salah paham, kadang)
Ya ngono kuwi lho sing marai bubrah
(Gak oleh nesu-nesu, damai, damai) deal



Credits
Writer(s): Deni Setiawan
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link